Jumat, 22 April 2011

RASA SEJATI

LUKITANING RASA SEJATI

Kaca 3: Rasa sejati pinangkanipun saking gusti Allah. Tanpa rasa sejati manungsa boten leres wonten ngarsaning pengeran.
Asmaradana: rasa sejatinya jalmi, kanggonan rasaning allah, sejati temen tegese, manungsa ingkang kanggonan mring temen pengeran darbe rasa jatinipun marma Allah temen pyambak, wateknya rasa sejati, kelalen mring katemenan sengsem mring kanyataane, den pilalah lara lapa, tan arsa karya cidra, sengit mring caturan dlarung, trisna mring catur kang nyata. Embaning sukma sejati, yaiku rasa kang seca, sukma suci pangiride, kang nuntun mring kanyatan tan arsa tetepungan mring pakarya ingkang luput malah mijil pamelehnya. Pitulunging sukma suci, marang sejatinya rasa, ngrowangi karya sirnane, rasa kang ala puniku, ingkang sengsem mring dosa, supaya uripnya iku, anut sejatining rasa. Wong anut rasa sejati, kelangkung suka pirena, mring pakarya becik kabeh, nyegah mring pakarya ala, siyang latri tan pegat madhep mring tindak kang tuhu, ing ngabantara pangeran. Kaca 4: Sukma suci tansah nganthi, ngowangi sejati rasa, marma dahat ing tresnane, dennya atunggal karenan siyang latri tan pisah, salaminya asih lulut anut lara lan palastra. Kang kaleh sae kakapti, tegese manunggaling karsa, sae kapraya ciptane, karsanya sejati rasa, inguja saben dina, dahat dennya anjumurung, mrin karsa sejati rasa. Sarehning rasa sejati, ngemban sejatining sukma, sukma suci anut bae, kautus dening driya, nulung sejati rasa, atas karsane kang agung, tindake sukma kang mulya. Wateking rasa sejati, sengit marang kadurjanan mring becik dahat asihe, becik trus rasaning driya, tuhu suci ing karsa, siyang latri amanekung, mring Allah kang maha mulya. Tan pegat muja semedi, lir pendah ilining tirta, siyang trimili bae, lire mikir lan ambudya, engeting jati rasa, siyang latri ya lumintu, angesthi angestu pada. Ngucap tobat ping sakethi, ngucap kapok ping sayuta, yen suwung rasa jatine, pangucape kadya ampas lire ampas pasepa, tan katrima ing hyang agung, wit Allah priksa mring cipta. Salat ghoib rasa jati, konjuk marang gusti Allah, hyang widi mengku gaibe, tan arsa ginunggung jalma, ngesti gung-gung pangeran iku sujud kang satuhu, renaning sejati rasa.

Kaca 5: Suraosing gesang ingkang nunggil kaliyan suraosing gusti Allah punika urmatan lan pangabekti. Saget langgeng wonten ing pejah saha gesang, punapa malih begja utawi cilaka.
Dhandhanggula: wateknya ingkang rasa sejati, asring sungkawa marang dosanya, dosa sajroning batine, dosa alus puniku, lalabeting dosa ing nguni, ingkang wus den apura, kalawan hyang agung, pan isih sumandhing tunggal nging asring kagodha mring rasa sejati, marma asring sungkawa. Rasa seca tan irsa mring sisip lan tan irsa ngucap lilincatan miwah catur mencla-mencle, ngesthi ngucap satuhu, lathi lidah ingkang ngladeni, karsanya ingkang seca, ywa manab dalunya, ati cidra singkirana, lamis lonyot ulas-ulas tedheng aling, binirat tawya eman. Lamun anut mring rasa sejati, masthi datan kena ing rencana, ing salaminya uripe, nadyan tumekeng lampus maksih angantepi mring yekti, dyan mati; rasa gesang, ingetung puniku; pametungnya rasa seca, sarta malih ambek ing rasa sayekti, dyan miskin mantep seca. Temen ing ngarsaning maha suci, temen ugi ing ngarsa prajanma, iku temen sanyatane, pun temen ngajak luhur, yen dhasar temen trusing ati, kaca 6: apan seca wacana, rasa karsa tuhu, junjung sejatining sukma, aneng donya tinulung mring sukma suci, kang badan kula pasrah. Ati wekel ngirit marang mukti, tuhu temen anjunjung mring drajad lumuntur mring asih gedhe, wondene langgeng tuhu, mijilaken asih ing ati, pan iku aran urmat sejati yaiku, kurmat mijil saking driya, pan puniku ing aran urmat sejati, ing ngarsaning hyang sukma. Barang karsa tinimbang rumiyin apa karya harjaning sasama, apa dadya ing rusake, karya sukaning kalbu, punapi timahaning wuri, lereh-lirih tinimbang, mring rasa kang tuhu, ywa ngarah nikmat pribadya, yen wus cocog karsanya hyang maha suci, tumulnya linakonan, surasa lan mirasa sejati, loro iku riringkesnya eca, dudu ecaning turu, dudu ecaning nyalamun sugih, dudu ecaning raga, eca rasa alus surasa nunggaling Allah, pan puniku surasa ingkang sejati, rasa jroning wardaya. Rasa ayem lan tentrem jroati, sanadyan sajroning kalbu, cipta rasa tunggal hyang widi, iku rasa kang nyata, rasanya hyang agung, dudu rasa dhadha aran nanging iku rasa nikmat jroning ati, ing ngarsanya hyang sukma.

Kaca 7: Manungsa ingkang nampeni dhawuh ing gusti Allah punika ingkang kanggenan rasa sejati, gadhah kamukten sang nabetipun sangsara, tindaking  gesangipun mboten miturut raosing hawa napsu.
Sinom: surasa kang sejatinya, mung dhawuhe hyang masuci, surasa ingkang mirasa, tegesnya nikmat pribadi, datan wonten kang nyami, sanadyane acasa darum nglangkungi samudaya, lamun tinimbang sayekti, dening janma ingkang wus bangkit angrasa. Janma kang durung angrasa, ecaning dhawuh hyang widi, durung werung mring surasa, ingkang mirasa sayekti, mung sarasaning daging, wus lumrah janma sadarum mung eca aneng lidhah, mula tukon lawan ngutil rasanya mring lidhah leginya pan samya. Nging jro kalbu kraos beda, lamun den timbang sayekti, keh janma tan arsa nimbang, mung sengsem nikmating lati, kang wus rasa sejati, pananiku datan kolu, rasa amin tan arsa sanyata. Janma darbe rasa nyata, yen manggih baranging janmi, sanadyan agung atinya, apadene yen satitik tamtu tan kolu nganti, daruna rasaning kalbu, wus sejatining rasa, pan puniku rasa amin rasa amin kaca 8: tumepung mring rasa Allah. Tan ngucap dudu lan iya, yen iya pan iya yekti, tan arsa tedheng wasana, yen ngucap terus  ing ngati, yen tan terus mring ati, dudu sejati puniku, rasa jati tan arsa, yen dudu mirasa yekti, datan arsa yen dudu rasa sanyata. Kena ginawa malarat pan kena ginawa sugih, ya kena ginawa lara, kena ginawa ngemasi, mati marga sayekti, mati urip jatinipun mati mungguhing raga, sukma sejatinya urip jroning pati sanyektinya aneng gesang. Aneng eca jroning lara, aneng mukti jroning pati, aneng sugih jroning mlarat aneng suka jroning sedhih, neng aji jroning isin jroning asor aneng luhur, jro kalah ana menang, aneng wujud jroning gaeb basa gaeb iku tegesnya samar. Samar ing netranya janma, wujud netranya hyang suci, basa wujud iku ana, samar ing netranya janma, Allah ingkang nyimpeni, temennya janma darum tamtu tran bisa musna, wong nadyan wiji-wiji, sanadyan ingkang becik lawan kang ala.

Tiyang ingkang kanggenan rasa sejati punika mikir lan ngatos-atos menggahing tindaking gesangipun.
Kaca 9: Kinanthi: sejatining rasa iku, temen ing ngarsa hyang widi, marma den bangkit angrasa, mring dhawuhnya maha suci, pan iku surasa mulya, surasa ing kalinuwih. Panindaking donya iku, tumindaknya para janmi, mung eca raosing lidhah, kalawan eca ing lati, lan eca priksanya tingal tanpa rasa jroning ati. Daruna atinya suwung, tan isi rasa sejati, kalindhih mring rasa ala, lan rasa pancut ing daging, tuwin rasa drengki srakah,tebih mring rasanya gusti. Beda lan rasa satuhu, tepung mring rasanya gusti, andhap asor jroning driya, lereh-lirih jroning pikir, sanadyana beda sawanda, tinimbang lan jroning ati. Panabda kang mijil iku, condhong mring rasa ing ati, aneng ngarsanya hyang sukma, tanabda kang guru wani, tan anut andhenging lidhah, anut pikir kang sayekti. Lamun wus mijil ing tembung, yen tan kanthi rasa yekti, pan dinuga wus kadosan mring Allah kang maha suci, iku watek rasa nyata, marma sanadyan angling. Lah punapi gunanipun janma nabda mung kalahir, datan kanthi rasa nyata, pan duraka amimbuhi, antuk dosa mring hyang sukma, ing donya mring kerat neki. Rasa jati watekipun karya becikake janma, kalawan mring kadang warga, suka becikan nglangkungi, nadyan kinarya sungkawa, kaca 10: utawa winales serik. Rinujita jroning kalbu, winuwus sajroning ati, wus tindaknya ngalam donya, aran kang eling mring asih, bobote gusti piyambak winales ala mring murid. Tan ngamungaken puniku, nadyan Allah maha suci, dahat asih tuwin murah, prandene arang kang eling, mring tresnannya gusti Allah, suprandene den sabari. Mangkono rasanya kalbu, wong darbe rasa sejati, mrih kuwat sabaring driya, murih bangkit angglampahi, sirnaning durta angkara, tumanem angga pribadi. Nglampahi karsa hyang agung, tumindak karsaning gusti, saras mring gusti Allah, anunggal rasa mring gusti, amrih tulusing pamuja, kalawan rasa sayekti. Puja tan mangkono iku, suwung ngarsaning  hyang widi, endi aran kalakuwan yen tan sabar marang juti, tan wurung anut mring dhustha, kena ginodha ing iblis.

Gesang tanpa rasa sejati punika gesang tanpa guna kados dene dhawuhipun gusti yesus; kowe iku minangka uyah ing jaman mangka manawa uyahipun ilang asine, kang kagawe mulihake asine apa, wus ora ana paedah kaca 11:  apa-apa, kajaba mung dibuwang lan kaidakan dening wong.
Pucung: munggweng sekar; pinuga gandanya arum dene munggweng uyah, miguna mring rasa asin janma gunawrin rasa ingkang sanyata. Ngandel Allah; gunannya mring rasa terus nebut mring Allah, gunaning rasa yekti, tyang sembah hyang gunanya rasaning driya. Sawarnanya; dhadha aran pansadarum gunannya yen eca, gunannya gula yen legi, janma nabda; kang miguna kanyatanya. Lamun janma; lawan suwung jroning kalbu, tan isi sanyata, kadya batinnya kang iblis lamun nabda mijil tembung ingkang ala. Mugi eling; mring iblis kala rumuhun bujuk ibu kawa, akarya marga ning pati, myang iblis dadya juru mateni janma. Pan den amut; lamun mijil ing pamuwus ywa nilar kang rasa, raose jatining urip marga urip iku sejaning sukma. Ingkang rasa; embannya sukma puniku, yen lampus kang rasa, sukma jati anut mati, lirnya datan darbe urip ing klanggengan. Rasa jati; yaiku urip satuhu, rasa temen driya, uga temen jroning ati, saranduning sarira ambanntu samya. Temen ingkang; ngajak trisna myang satuhu, mring becik sanyata, myang sabar  kaca 12: ingkang sayekti, suci adel satuhu temen lan prasaja. Ngajak blaka; kalawan seca puniku, ing ngarsanya allah, myang ngajeng nyapa para janmi, kang supaya terang padhang lan pratela. Rasa jati; tan uwas maras ing kalbu, sumangga mring allah, nadyan lara tekeng pati, lamun lampus rumangseng mantuk mring swarga. Saben rina, sedyanya sajroning kalbu, bilih tekeng mongsa, pinundhut hyang maha suci, tinggal raga prasasat santun busana.



Tiyang ingkang temen ing batos punika gadhah gesang langgeng, gesangipun rasa sarta mantep boten kados dene bait ingkang kaoncatan citaka dening ombak.
Pangkur: tyang kang wus temen batinnya, gunging tindak lan manabda pan yekti, panandelnya mring hyang agung, tan mandheg mangguhing tyas pracayeng mring gusti putranya hyang agung, ing tyas tan araga-raga, mantep yekti jroning ati. Trisna nyatan nganggang-anggang, nadyan mring tyang widi myang putra gusti, tuwin mring sanak  kaca 13: sadulur, akanthik suciyan pan mangkno wateknya rasa satuhu, sadarum kalawan nyata, wijil saking temen ati. Kathah tyang sugih kencana, tuwin kathah janma asugih ngelmi, nanging tyang temen ing kalbu, puniku awis arang, marma janma ingkang temen tuhu terus iku sejatining janma, wus darbe urip sejati. Lirnya urip satemennya, awit donya tumekeng kerat neki, urip langgeng wastanipun iku uriping sukma, kang den wengku mring rasa sejatinipun kang mawa bawaleksana, amijil labet sayekti. Tuhu temen darbe purba, amurwani dug ing wekasan neki, temen nununtun mring tulus myang darbe engetannya, bangkit tutug mubarang sedyaning laku, tinulungan roh ing Allah, daruna temen ing ati. Myang dora tan darbe purba, bangkit murwani tan bangkit mungkasi, mubarang sedyanya wurung, sanadyan angawula, myang sanadyana tapa brata mring gunung, yen ta tumemen ing driya, sagung karsa tan dumadi. Nadyan janma kang sembahyang, myang janma ngabekti mring maha suci, yen tan dhasar rasa tuhu, pan iku tanpa guna, nadyan payah lathi lidhah badanipun tan katrima mring hyang sukma, malah duraka mimbuhi. Gusti allah temen nyata, tan arsa milih mring para ratu, tan milih prabu patya, nanging milih kang tumemen rasa tuhu, kaca 14: darun Allah pribadya, dahat tuhu temen neki. Gusti Allah mungweng swarga, nanging prajanma munggweng donya neki, yen darbe rasa satuhu, nunggal rasa mring Allah, gusti Allah tutulung mring janma iku, lumantar rohnya pribadya, pan punika sukma suci. Upama yayah myang putra, lan malih ingkang bendara myang abdi, yen rasanya tunggal tuhu, yayah nulungi putra, myang bendara nulungi mring abdinipun pan mangkono munggwengAllah, nulungi janma kang yekti. Nyata tyang sejati rasa, tan arsa jumurung mring kang tan yekti, mangkono wataknya kalbu, tuhu seca balaka, sanadyan aneng ngabyantara sang prabu, tan molah-malih aturnya, panggah mantep atur neki. Tan arsa dora manabda, nadyan tinandukan manabda manis tyang tindak tanduk kang alus sanadyan ingopahan tan arsa mring mangrapu basa puniku, nadyan malih ing ajrihan datan ngekes jroning ati. Panggar jita ing wardaya, nadyan tekeng titimangsanya pati, yen marga ning seca tuhu, iku sedyaning rasa, esthinya sejatining urip puniku, saras tekad sanyata, donya trusing kerat neki. Sanadyan miskin myang kaya, urip kanthi tentrem marem ing ati, tan darbe murkaning kalbu, tansah gung panarima, tansah rumangsa sugih lir pendah ratu, myang badan kadya wit pisang, pisah sukma bosok kaca 15 nuli. Prameswari lan narendra, wuri mangkono uga, saking dosa purwanya tyang keneng lampus wus tan kena sinelakan dumojog yen wus pinasthi.

Gusti yesus nate andhawuhaken prelambang; wit kang becik iku ora bisa ngetokake woh kang ala, lan wit kang gering yen iku iyo ora bisa ngetokake woh kang becik.
Maskumambang: lamun janma kanggonan rasa sejati, datan aluamah, anyaring karsaning bumi, sanadyan mangan lan nyandhang. Lan tinimbang lan praptanya ingkang bukti, nrima saha nanya, idhep-idhep anglakoni, mring karsanya gusti Allah. Yen wungu ngadeg lenggah tansah ambudi, murih tinarima, mring Allah kang maha suci, mangkono ciptaning rasa. Nambut karya kalawan tuhu ning ati, ing saben arinya, antuk kedhik weda thithik antuk agung nedha kathah. Lamun datan mangkono ingkang pambudi, tan dadya tyang nyata, tan nrimeng pandumnya widi, myang angrangsang aluamah. Lawan anut pangonggrongnging para janmi, sembadra andadra, sulaya myang karsa gusti, pan mimbuhi mring duraka. Kaca 16 angel ewuh janma ngawula mring gusti, myang ngawuleng allah, ayun parekan mring gusti, lumanantar rasa king nyata. Lamun ngaji unining kitab kang suci, perlu panrinasa, surasanya kang sayekti, nulya sinempen ing driya. Lamun ngaji aliya kitab kang suci, myang tulis mawarna, becik rinasa sayekti, kang muni jroning tulisnya. Sagung karsa ngadeg lenggah pan ambudi, supayeng tambahnya, kang dadya sektining batin pamijilnya kanyataan. Upami sekar gadhing kenanga mlati, mijil ingkang gonda, arumnya pan angambari, myang tinarik samirana. Tuhu ning tyas mijil gonda ingkang becik ngambar mring manungsa, ingkang warta meratani, binekta swaraning janma. Upaminyawit blimbing pan awoh blimbing, janma tuhu seca, mring rasa ingkang sejati, tamtu awoh kanyataan. Pan puniku panengran ingkang sejati, tyang temen ing driya, tan kena binekteng sisiping donya tekeng ngakerat. Ati becik mijilken pakaryan becik lamun ati ala, umijil pakaryan sisip tan becik donya myang kerat. Gandanya lampus myang ganda ingkang urip tamtu kawistara, ganda becik marang urip ganda ala mring palastra.




Kaca 17: Sangalam donya punika betah tiyang temen.
Megatruh: sapa temen-tinemena mring hyang agung, pamintanya den kabuli, ing donya myang keratipun wus malbeng babasan neki, jangka pripta cipta dados. Pangarsaning paminta yen kanthi laku, wus wajib bangkit anampi, yen mring laku kang satuhu, tan kakilapan hyang widi, mring tyang tuhu temen batos. Lan malih janma kang tuhu temen terus yen nuju cinoba janmi, pan tinemu seca tuhu, nadyan awarni pawestri, myang busana ingkang mramong. Watak temen pan kautaman kang punjul datan mijil kang nyameni, sagunging piala luput datan melik untung najis mangkono wateking batos. Wateking tuhu seca kapengin wuwuh, mring tindak becik lan adil ana ngarsane hyang agung, trisna sabar andhap budi, ngesthi ngarsanya hyang manon. Watak temen ngungkuli kencana murrub nglangkungi inten kang adi, marga kanggep mring hyang agung, kang jumeneng ing suwargi, panganggepnya datan pedhot. Katemenan dhasar ngasaking hyang agung, wijining rasa sejati, amung temennya hyang agung, kang tuhu temen pribadi, iku temening hyang manon. Marmanya janma kang tuhu temen terus benjing kajen mring hyang widi, wondene ing donyanipun ing ngajenan mring prajanmi, samya pracaya ing batos. Para manungsa kaca 18 bangsa asor myang luhur, ngupaya tyang seca yekti, dadya tonda janma tuhu, ing ngajenan para janmi, lan malih para sangkawung. Panakawan kalawan gamel puniku, ngupaya tyang temen bekti, kinarya gamel puniku, juru angon bebek ugi, ngupaya tyang temen yektos. Nadyantyang ambek ala juti myang gemblung, ingapusan mring janmi, datan narima ing kalbu, tamtu mijil ingkang muring, terkadang nulya anjotos. Iku pratonda yen arsa seca tuhu, nanging badannya pribadi, sungkan mring tindak kang tuhu, tyasnya ingkang dadya seksi, tindak mogok mring hyang manon.

Tiyang ingkang timen dhumateng pangeran dipunwales temen.
Mijil: sapa anut rasa kang sayekti, rukun mring hyang manon sapa anut mring rasa gorohe, iku grojongi setan myang iblis witing goroh iblis nging yekti hyang agung. Tyang miskin anut mring rasa yekti, begja yakin aok nglingkungi janma sugih wijile, marga lir tyang ginawa mring iblis tan was nganti mati, upamanya iku. Akeh janma ngawula mring iblis pan datan rumaos lamun janma arsa mring gorohe, anut mring kaca 19: sedyaning tyas kang sisip salaminya urip ngwulung iblis iku. Suprandenya samya ngaku wasis tan wruh yen kajlomprong, marga suwung ing rasa batine, datan darbe rasa kang sejati, pan samya ngapusi, marang sukmanipun. Beda tyang anut rasa sejati, wus tepung hyang manon nabi brahim sarah garwane, kadya nabi yunus duk ing nguni, nabi dawud ugi, lan daniel iku. Ana nabi alit sarta miskin ingkang ambek yektos tindak mring wana lawan kancane, samya madung kayu tepi kali, nah antamiwiti, pan turas ing ngriku. Temah wadung kecemplung mring kali, gung sungkawa batos marga wadung nyambut mring tanggane, minta tulung mring kanca neki, helinasuk langi, ngambil tatal kayu. Sigra cinemplungngaken ing kali, ingener mring wangon prenahing dhumawah nyawa dunge, sawusnya tatal kelem ing warih, punang wadung nuli, kamambang mathungul. Sigra ingasta ing nabi miskin myang sungka kinaot marma janma tuhu temen tyase, tuhu tinemenan mring hyang widi, nadyan sapuniki, tan beda tan puniku. Ana wanadya miskin sawiji, saben watak yektos saben ari karya ngasag bae, jinunjung dening gusti hyang widi, bangkit dadi mukti, ingkang wasta erut. Sagung janma ingkang tuhu yekti, panjalu myang wadon ing swarga dahat gung pituwase, kaca 20: malbeng wisma nyasang ramahadi, myang datan ngemasi, ngungkuli mring ratu.

Tiyang ingkang boten kadunungan rasa sejati, punika tiyang ingkang pejah wonten ing ngalam donya ngriki.
Gambuh: kayata anjro kalbu, dhadhasarnya urip kang satuhu, pan puniku uripnya sukma sejati, myang urip rasa satuhu, dumunung munggeng jro batos. Tyang suwung rasa tuhu, pan iku sukma wus samya lampus dennya ngemasi kala ing donya neki, sukma wau gya  kinubur, jroning siksa datan pedhot. Sukma urip puniku, ing wuri malbeng wisma satuhu, lirnya manjing mring warga kang langkung adi, wismane sukma sadarum prasukma kang urip yektos.upama donya iku, para ingkang manungsa sadarum sanadyan tinitah ingkang kanthi miskin ngatasing tyang gesang iku, darbe ya wisma lumrah wong. Nrakahi nganggep kubur, marga tan nunggal sukma sadarum tiyang waluya jroning swarga linuwih, langgeng ing nraka puniku, manggon mring siksa kang abot. Kaca 21:  Pejah nunggal lan lampus kang gesang nunggal lan gesang iku, puniku tan kena ora pan wus mesthi, marmanipun mumpung durung, ingkang prayitna ing batos.

Tiyang ingkang boten temen puniku boten temen ing sadayanipun.
Gambuh: tyang tan temen ing kalbu, pracayanya mring Allah tan tuhu, myang piyandel mring gusti pan durung mesthi, trisnanya mring maha luhur, uga durung trusing batos. Tobatnya durung terus pangucapnya maksih sring gemblung, dadya pratanda ing batin durung yekti, kawistara ing pamuwus jroning tyas pan maksih goroh. Durung jrih mring tyang agung, durung trisna mring gusti susunu, tuhu tyang sucining tyas durung sayekti, rasa becik durung tuhu, myangka trisna durung yektos. Durung asil ing kalbu, rujun rukun durung nyata tuhu, tuwin sabar paramarta durung yekti, tan mrih laknat tulahipun durung tumemen ing batos. Sengsem malbeng swarga gung, kasengsemnya pandurung satuhu, tindak andhap asor pandurung sayekti, arsa mijil mring tekebur, iku tanda ladak batos. Amba pan wus amuruk yen janma durung temen ing kalbu, barang kalirnya durung sayekti ugi, solah tingkah durung jujur, marga durung temen batos. Kaca 22: Maksih sembrana kalbu, gumampil marang sagung pamuwus kendel prajangji nagnging datan netepi, mrana-mrene jangji sanggup mrika-mriki uga goroh. Mangkono watek gemblong, myang panabdanya anut gemblung, nadyan wus kentheng sanggup pandorani, nadyan supaos satuhu, suprandene meksa goroh.

Peling ingkang sejati
Pucung: peling jantung; pan iku peling satuhu, datan darbe arsa, akarya dora ning lathi, amung arsa ngucap seca myang prasaja. Amituhu; seca tuhu ning pamuwus pangesthi ning driya, ambujung wacana yekti, ulah lantih mring ratu ning kenyataan. Eling kalbu; sadaya daya ing pemut ajal kamulyannya, mijilnya saking hyang widi, dadya emut mijil saking kalanggengan. Jatinipun; kang aran eling lan emut eling darbe rama. Janma lamun; eling mring karaton iku, arane eling rapal lamun darbe malih peling, apeling kalih kang rapal saking janma.iku dudu; peling kang sejatinipun mung peling puspita,myang peling kusuma adi,artinya kadya wreksa sekarnya mekar. Sababipun; kaca 23: wibawa donya kang bagus agung sawab tara, lir kembang mekar nedhengi, yen wis garing gogrog runtuh ilang sirna. Peling jantung;panpeling sejatiluhur, marga mijil rasa, ingkang saking hyang maha suci, rasa jati embannya jatining sukma. Sukma iku; yektinya saking hyang agung, pandya satunggal durung ana bumi langit sejatining rasa lan sukma wus tunggal. Rasa tuhu; datan mijil saking lebu, datan saking dosa, datan mijil saking iblis pan puniku mijil saking gusti allah.

Peling ingkang kothong
Mijil: rasa sejati pan tansah eling, swarga kang kinaot nadyan kama lawan ing donyane, siyang ratri dennya ngeling-eling, niku peling jati, enget wijilipun. Beda lan emutnya kewan sami, lawan langkung kaotan sami punang daging elinge, wongsal-wangsul neng donya neki, eling muktisari, lirnya kembang rumput. Beda myang emute dewa sami, lawan lair batos tansah emut mring suralayane, kamuktennya para dewa sami, mukti madyasari, liring kembang kayu. Madya artinya ing tengah neki, sari kembang abyor, ingkang dumunung ing tengah dhewe, dudu mring suwarga kaca 24:  ikang edi, tan mukti ing bumi, pan ing madya luhur. Dene emutnya rasa sejati, mukti langgeng kraos langgeng elingnya mring pangerane, ingkang tansah asih myang melasi, dahat anyabari, lir bapa mring sunu. Langgeng eling mring sihnya hyang widi, gya peling sayektos sarta mring prajangjiyane, angapura  mring dosanya jalmi, lumantar mring gusti, nadyan tyang sadarum. Yen teka nimbang sihing hyang widi, iku peling elok lumantar mring katemenan bae, lawannya meni sih ing hyang widi, trus rasa sayekti, aneng jroning jantung. Peling durung eling sihnya gusti, iku peling kothong, neng ngarsanya Allah dhewe, wit kang kinarsakken hyang masuci, pan samya pinurih, mlebeng swarga agung. Myang karsanya ingkang maha suci, ingkang sagungingwong, lamun sukma pisah lan badane, den eling kundur mring swarga adi, sapa eling swargi, anjujug hyang agung. Sapa eling kasengsem anitis marang ing karaton pisah myang emuting pangerane, datan eling wijilnya duk nguni, iku aran lali, emut mring kang dudu. Pan dudu karsanipun hyang widi, dudu mulyaning roh, pan dudu manungsa sejatine, marga kang mulang ngelmu panitis rikalane nguni, aji saka prabu. Dene aji saka duk ing nguni, antuknya paguron ing pangarsa kang dadya kaca 25: purwane, saking sayid anwar ingkang nami, putranya nabi sis mertapa ing gunung. Nulya krama antuk putrine jim trah saking karaton nulya dadya ratuning jim kabeh, pindah juluk nur cahya kang nami, cedhak crita neki, dewa kang tuturun.

Raosing gusti yesus punika inggih raosing gusti Allah.
Sinom: sagung karseng gusti Allah, wusi ngemut jroning ati, datan wonten kantunannya, sakedhik tan nakari, janma kang wus mangerti, myang kang wus wikan linangkung, lir wruh mring gusti Allah, lawan wrin kang gaib-gaib artinya wes wuruh mring sagung kang samar. Najan janma sabuwana, sawiji datan nandhingi, lawan janma kang sampurna, ingkang asma malbeng tulis myang tinembung yahudi, emanuwel asmanipun pan artinya puniku, gusti allah nunggil janmi, myang gusti allah tunggil lawan kawula. Allah nunggil mring manungsa, janma nunggil hyang masuci, sang janma ingkang punika, dahat sampurna myang suci, amung margi pra janmi, pinurih samya atepung, mring gusti maha kwasa, janma sabuwana neki, tepungnya lumantar janma kang sampurna. Sinebut janma sampurna, puniku putra hyang widi, wit pancer rasa atunggal rasanya kang maha suci, kaca 26 tunggal jeng putra, raket ugi mring hyang widi, janma putra dados tunggal mring kang rama. Sang janma ingkang sampurna, yeku putrane masuci, krana tunggal pancer rasa, myang asalnya sing masuci, rasanya gustimami, ya rasane hyang maha gung, tyang kang raket mring putra, sampun raket rama suci, janma putra dados tunggil mring kang rama. Wit pancer dadya satunggal gusti putra lan hyang widi, kadya uwit lawan epang, sejatinya dadi siji, pang urip marga uwit, urip krana panceripun tembung pancer artinya, sejatinya maha suci pancer urip basuki ing kalanggengan. Uripnya para pracaya, lair myang terus ing batin latinya tansah umasrah, raga lawan sukma neki, mring ingkang maha suci, lan trisna mring gusti luhur, langkung sing barang donya, tresna Allah lawan gusti, siyang myang ratri cinipta jroning driya. Yen trisna mring gustiAllah, lan mring kang jeng putra gusti, ngungkuli trisna mring brana, nadyan aneng donya neki, pan wus dadya sawiji, lawan gusti myang hyang agung, iku yen trusing rasa, kalawan tuhu sayekti, pangrasa ing donya mung mondhok sakedhap. Malah sring kraos sungkawa, marga godha warni-warni, yen kalawan winas pada, pamijinya godha neki, lir milang lintangf langit saya mindhak cobaipun gung tan kena winilang, kaca 27 mangkono godha dhonyaki, iku langkung begja yen tyang tan kebandhang. Ewon leksan keten yutan janma ingkang den tamani, dening godha myang rencana, marmanya begja linuwih, tyang tan anut mring iblis iku janma kang pinunjul krana tanduking godha, dahat wikan lawan bangkit alus lembat cukat rikat myang waspada. Sanadyan lembating godha, wis cinakra jroning budi, karana gusti sugengnya, lamun kinarya upami, kadya semprong ing lathi, upama merkukup agung, karyane gusti putra, nglairna kang gaib-gaib ala samar wus kabuka wela-wela. Pialanya pra ngulama, pialaning tyang parasi, myang pialanya kaya pisraning nguni tinutupi, krana wulanging gusti, samya binuka sadarum kadya maling karinan nujah siyal dennya nyingid kabentel ing juti temah nempuh kala.

Ingkang nama putra punika angsal warisan saking kang rama
Maskumambang: amba dadya putranya kang maha gusti, ingkang putra angkat marga pracaya mring gusti, antuk sihing gusti Allah. Daruna gusti putra paring pangerti, gusti Allah welas mring sagung pra janma sami, kang samya asung pra tobat. Kaca 28 suka welas kadya bapa marang siwi, mring tyang kang mratobat gusti putra paring ngerti, rini lan anebut rama. Putra gusti nilar swarga dadya janmi, pan dadya manungsa, balik ambalijanmi, malbeng putra gusti Allah. Ingwang andarbeni kawruh kang sejati, wrin sih gusti Allah, ngungkuli kawruh sabumi, amung sihnya gusti Allah. Wus tinulis jroning kitab kang sejati, injilnya hyang suksma, janma ingkang nampi esih, hyang widi suka ngapura. Sanadyan darbe dosa agung linuwih, hyang suksma ngapura, ager hyang widi nampi sih, myang janma tobat trus driya. Artinya manungsa kang nistha antuk sih, pacaya trus driya, sedanya jeng putra gusti, lironing prajanma dosa. Ingetung sampurna pra tyang dosa sami, krana den apura, marma den arani asih, apunten mung kantun tanpa. Lamun gusti ngapura dosaning janmi, sapa wantun gugat nadyan malaekat sami, mesthi tan ewah, yen wus jangji ngapurani, tan wurung paring apura. Malah tan namung antuk apura neki, inganggep kang putra, klilan nebut rama swargi, utawi anyebut bapa. Marma den samya emut lair myang batin yen wus dadya putra, tan darbe pusating bumi, pan darbe wasis ing swarga. Den samya emut ing siyang lawan latri, kaca 29 myang sosotya ingkang adi, iku ywa nganggep pusaka.puniku amung sangu madyaning margi, kang samya lumampah, kondur mring suwarga neki, mung karya sanguneng marga. Sanadyana darbe sangu mung sakedhik ywa pisan ngresula, den tuhu lawan sayekti, yen kenceng tindak tumeka. Yen janma durung nampi sihing hyang widi, sinungka sugihan ywa darbe murina neki, karana asung punika. Sanadyan amung pinaringan sakedhik wus cinawang cadhang, warisan munggeng suwargi, gusti yesus kang sediya.

Margi ingkang rumpil anjog ing swarga
Dandhanggula: dhuh rama gusti kang maha suci, ingkang mugi paring graita, mring sudara sadayane, den samya yitna emut dhumateng sukmanya pribadi, dennya akarya dosa, tanwrin darbe wangsul ing wuri melbeng naraka, paukuman marang sukmanya pribadi, nanging dereng angrasa. Mugi lawan tinimbang myang eling, den ganjar tinitah dadya janma, beda lan titah liyane, warninya langkung bagus angungkuli kewan myang peksi, pinaringan kang sukma, langgeng gesangipun bangkit ngucap lawan wigya, bangkit nimbang ingkang ala lawan becik daruna darbe sukma. Mugi sadayanya bangsal kaca 30  sami, pan samya sigra bangkit pracaya, marang juru basukine, puniku sih kalangkung, ngungkuli sih bapa mring siwi, asih welas paduka, agung sakalangkung , dhumateng kita tyang dosa, kang winajiban paduka siksa sami, paduka paring mirma. Pan tebihnya bumi lawan langit myang tebih ing kilen lawan wetan meksa maksih kungkulane, sihnya tyang maha agung, marma paring juru basuki, paring gusti jeng putra, akarya panebus sarehning sukmanya janma, wijil saking gusti ingkang maha suci, marmanya dahat trisna. Patrap pancering tresna sejati, apratela lumantar kang putra, supaya mangerti dhewe, sih paduka hyang agung, lawan karya raganing janmi, bangkit awor mring janma, sadarum puniku, dadya bangkit atetela, amung mulang kalawan nuladi asih, karya trisna sanyata. Sagung prajanma ing donya niki, tandar beras trisna sanyata, marang sagung sasamine, kathah kang tindak edur, tebih rasa jeng putra gusti, samya tindak maksiyat ingkang ngaler ngidul ingkang mangilen  mangetan ing batin ngandhut rasa durjana juti, suwung trisna kang nyata. Samya ngambah mring tapaknya iblis ingkang wus karya marganing pejah, mring adam khawa kalihe, dadya guru pangapus lawan guru pejah ing janmi, kadya radi len wiyar, kathah ingkang nurut marma kathah ingkang ngambah, sakan cahya suka pirena ing margi, myang gampil kaca 31 margi wiyar. Dhuh hyang sukma mugi janma sami, ingkang ngambah mring margining setan den samya emut manahe, supaya samya wangsul dhumateng margi ingkang rumpil ingkang sampuni ngambah, gusti putra neku, dadya marginya rekasa, pan puniku ingkang bangkit trusing margi, artinya anut kalseng hyang sukma, dahat kalangkung angele, amung putra hyang agung, anetepi karsa hyang widi, datan geseh sarikma, tan sisip satengu, malah wus dahat sampurna, gusti putra dhawuh; kulun wus ngrampungi, sampurna mring hyang sukma. Prapracaya kang arsa basuki, den nanggulang mring sabar myang tahan darbe lampah nut tapake, ngambah ing margi ciyut iku marga anjog ing swargi, den tahan sagung godha, myang sagung pakewuh, den tuhu temen ing driya, kanthi sambat nyuwun tulung mring hyang widi, lan mring gusti jeng putra. Tan kena sumimpang kanan kering, tan kenging tumenga mring ngakasa, den andhap asor batine, ingkang yekti satuhu, den ulat sumeh memelasi, tuwin sucining driya, den sengsem ing kalbu, mring panindak pirukunan sru kalangennya darbeni batin adil mring susah krana dosa. Lamun datan mangkono sayekti, wus pesthi tindaknya krasa wegah, pan nulya bali tindake, lumrah janma sadarum ngambah kaca 32 margi wiyar nglangkungi, tyas rena kathah kanca, gumuyu anggugug nadyan tindak margi panas kalawan tindakan nungsang anjempalik marginya maksih wiyar. Krana iblis kang karya puniki, pangya saya margi ingkang wiyar, dahat kalangkung jembare, kethen yutan kang anut datan wruh wekasane wuri, mlebeng ukum siniksa, pan sakit kalangkung, paparinge iblis setan pra manungsa kang nurut marganya iblis pinesthi kapanduman. Adus gusti ingkang maha suci, sagung janma ingkang sami ngambah, mugi hyang widi ngengetke, pinurih samya wangsul mumpung maksih aneng ing margi, dereng kalajeng tindak mugi anut wangsul mring margi jeng gusti putra, hyang sukma kang murba wisesa pra janmi, karsa nylametken janma.

Kabingahaning kang sayektos punika manawi manungsa kang gedening gusti Allah
Kinanthi: bingah tunggil mring hyang agung, bingah tunggil maring gusti, yen wonten janma mratobat sanadyan agung sawiji, suka bingah jroning driya, krana sukmanya basuki. Janma ingkang tindak jujur, suka pirena ing ati, yen angeksi tindak dosa, ngunguning tyas lawan sedhih, miminta jroning wardaya, mugi gusti paring eling.



---==={ Ilanging Bumi Sirnaning Netra }===---


Tidak ada komentar:

Posting Komentar